√ Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo - Muhammadiyah Weru

Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo

Khotbah Jumat Bahasa Jawa
Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo

Khotbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah. 

Puji lan syukur katuraken dhumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, Dzat Ingkang Maha Kuwaos dan Ingkang Maha Welas ugi Asih. Namun dhumateng piyambakipun kita manembah lan nyuwun pitulungan.

Shalawat ugi salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Rasulullah Muhammad ﷺ. Sumrambah dhumateng keluarga lan para sahabatipun. Mugi kita sedaya pinaringan syafa’atipun benjang ing dinten kiyamat, amin. 

Sumangga kita sedaya tansah hambudidaya lan ningkataken takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu-estunipun takwa. Kita tindakaken sedaya punapa ingkang dados titahipun lan kita tilar sedaya punapa ingkang dados pepacuhipun Allah ﷻ. Awit saking menika karakter mukmin ingkang sejatosipun. 

Allah Ta’ala paring pangandikan,
 
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ۝

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102) 

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Wonten ing kesempatan ingkang sae menika, kula badhe sekedhik ngaturaken khotbah kanthi irah-irahan “Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo”. Bilih estunipun, kula tuwin panjenengan sedaya sami mangertosi menawi tangga teparo menika bagian ingkang mboten saged dipunpisahaken saking gesang kita saben dinten. Wonten ing Al-Qur'an Surat An-Nisa’ ayat 36, Allah ﷻ ngendika:

وَا عْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـئًـا ۗ وَّبِا لْوَا لِدَيْنِ اِحْسَا نًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَا لْيَتٰمٰى وَ الْمَسٰكِيْنِ وَا لْجَـارِ ذِى الْقُرْبٰى وَا لْجَـارِ الْجُـنُبِ وَا لصَّا حِبِ بِا لْجَـنْبِۢ وَا بْنِ السَّبِيْلِ ۙ وَمَا مَلَـكَتْ اَيْمَا نُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَا نَ مُخْتَا لًا فَخُوْرًا ۝

Sembahen Gusti Allah, aja sira sekutokake marang apa wae. Banjur tumindaka sae marang wongtuwa sakloron, karib kerabat, anak-anak yatim, wong-wong miskin, tangga cerak lan tangga adoh, kanca sejawat, musafir, lan hamba sahaya sing sira duweni. Temen, Allah ora seneng marang wong kang sombong lan mbanggakake awake dhewe.” (QS. An-Nisa' 4: Ayat 36)

Ayat menika mratelakaken bilih tangga kalebet salah satunggalipun tiyang ingkang kedah dipun saeni, sejajar kaliyan kewajiban dhumateng tiyang sepuh lan kerabat. Tumindak becik dhumateng tangga inggih minangka bagian saking ketaatan dhumateng Gusti Allah.

Rasulullah ﷺ ugi ngendika:

ومَن كانَ يُؤْمِنُ باللَّهِ والْيَومِ الآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جارَهُ، ومَن كانَ يُؤْمِنُ باللَّهِ والْيَومِ الآخِرِ فَلْيُكْرِمْ ضَيْفَهُ

Artosipun: “Sok sintena tiyang ingkang iman dumatheng Allah lan dinten akhir, mangka kedah muliakaken tangganipun, lan sok sintena tiyang ingkang iman dumatheng Allah lan dinten akhir, mangka dheweke kudu muliakaken dhayohipun.” (HR. Muslim)

Sabda Rasulullah ﷺ menika mratelakaken bilih iman ingkang sejatos kedah dipunwujudaken kaliyan tindakan nyata dhumateng tangga. Mboten cekap anggene ngucapaken iman tanpa ana tumindak ingkang nyengkuyung, utaminipun inggih punika hubungan ingkang sae kaliyan tangga.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Wonten ing adat Jawi, tangga punika asring dipun anggep kados sedulur ingkang paling cedhak. Menawi wonten napa-napa ing griya kita, tangga punika ingkang sepisanan badhe maringi pitulungan. Rasulullah ﷺ ing sabdainpun ngendika bilih Malaikat Jibril tansah maringi pitutur dhumateng panjenenganipun babagan tangga, ngantos-ngantos Kanjeng Nabi ngira bilih tangga menika badhe kalebet ingkang marisi harta warisan.

Rasulullah ﷺ nuduhaken bilih hubungan kaliyan tangga kedah dipun wontenaken kados paseduluran ingkang langgeng. Kita kedah tansah guyub rukun, lan mbudidaya ndadosaken tangga kita menika kanca ing panggesangan dunya, syukur badhe, saged dados rencang utawi tangga ing akhirat samangke, wonten ing suwarganipun Allah ﷻ.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Wonten ing Islam, ajaranipun mboten namung babagan ibadah lan ngibadah dhumateng Gusti, ananging kita ugi dipunajaraken tanggung jawab sosial. Salah satunggalipun inggih menika tumindak kebecikan marang tangga. Nulungi nalika tangga gadhah masalah utawi kesisahan, ndherek mbiyantu nalikane wonten kabetahan, ugi tansah njaga katentreman ing sesamining tiyang agesang. Menika sami-sami dados tanggung jawab kita sedaya, minangka tiyang ingkang iman.

Ing Al-Qur’an Surat Al-Ahzab ayat 70-71, Allah SWT paring dhawuh:

يٰۤـاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا ۝ يُّصْلِحْ لَـكُمْ اَعْمَا لَـكُمْ وَيَغْفِرْ لَـكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَا زَ فَوْزًا عَظِيْمًا ۝

He, wong-wong kang padha iman, takwaa sira marang Allah lan ucapna omongan kang bener. Mangka Allah bakal ndandani amalan-amalan sira, uga ngapura dosa-dosa sira. Sapa kang taat marang Allah lan Rasulullah, temen, dheweke ana ing sakjroning kemenangan kang agung.” (QS. Al-Ahzab 33: Ayat 70-71)

Saking ayat menika, kita saged sinau bilih ngucapaken tembung-tembung ingkang sae menika minangka perangan penting saking interaksi kita kaliyan tangga. Kita kedah saged njaga tutur kata supados mboten nglarani ati tangga.

Rasulullah ﷺ ugi sampun paring tuladha akhlak ingkang sae sanget dhumateng tangga. Sanadyan ta, tangganipun menika mboten sae, Rasulullah ﷺ tetep sabar lan mboten nate mbales kaliyan tumindak ala. Salah satunggalipun kisah ingkang misuwur, Rasulullah ﷺ nate dipun uncali kotoran dening tangganipun, nanging Nabi mboten mbales. Malah nalika tangga menika gerah, Nabi nuweni kanthi sedaya kesaenan.

Kisah menika ugi nuduhaken bilih menawi kita mbudidaya sabar lan tetep tumindak sae, Allah ﷻ badhe maringi ganjaran ingkang langkung sae. Kita saged mbuktekaken bilih kesaenan utawi kabecikan tansah wangsul dados kesaenan dumatheng kula lan panjenengan sedaya.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Damel kabecikan marang tangga menika estu kathah kautamanipun, kosok wangsulipun, tumindak ala utawi mboten sae dumatheng tangga teparo menika saged dados jalaran Allah ﷻ mboten bakal nglebetaken kula lan panjenengan sedaya dumatheng suwarga. Rasulullah ﷺ ngendika:
لا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ لَا يَأْمَنُ جَارُهُ بِوَائِقِهِ

Ora bakal mlebu suwarga wong sing tanggane ora aman saka tumindak ala (gangguane).” (HR. Imam Bukhari)

Hadis menika nedahaken menawi amanah dhumateng tangga punika mboten namung kagungan ganjaran ing akhirat, nanging ugi ndadosaken lingkungan gesang ing dunya ingkang langkung tentrem lan ayem. Tumindak becik ndadosaken hubungan kaliyan tangga tansaya guyub, mboten wonten sengketa, lan saling ngrewangi.

Mugi-mugi, kita sedaya saged ningkataken hubungan ingkang sae kaliyan tangga. Amargi kebecikan menika ugi kedah kita wiwiti saking tetangga kita piyambak. Tumindak alit ingkang dipun awiti saking manah ingkang tulus saged dugekaken barokah ing gesang kita saben dinten. Mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi kekuatan dhumateng kita sedaya, supados saged nindakaken kabecikan marang tangga lan nampi ridha Allah ﷻ. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khotbah II

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ، وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ، وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ.

Get notifications from this blog

Silakan berkomentar dengan sopan sebagai ajang silaturahmi sesama kita.